Popular Post

Archive for 2011-04-10

Suluk dari IGD

By : IGD
أستغفرو الله رب البـــــــــــــــــــــــرايا
أستغفرو الله مـــــــــــــــــــن الخطا يا
ربي زد ني عـــــــــلما نــــــــــــــافعا
ووافقنـــــــــــــي عملا صالــــــــــــح
Ayo konco-konco sareng-sareng muji
maring Gusti Allah Dzat Kang mung Siji
Gusti kang gak rabi soho ora mbayi
kang pareng rejeki saben rino wengi


Duh bolo konco ayo nyebar tresno
maring sedoyo ciptaane Allah
iku pituture saking Nabi kito
Muhammad utusane Gusti Allah

Marang wong tuwo ojo podo nacat
yento siro ora gelem kuwalat
bapak ibumu kang nggowo amanat
saking Gustine poro malaikat

Sopo wonge pengen manfaat ilmune
pituture guru kudu digatekne
yento guru susah abot gawanane
enggal ditulung lan digawakne

Akeh wong gedhe nyacah wengine
gawe turu ngibadah lan sinaune
wengi iku dowo ojo turu wae
ngibadah sinau ayo diakehne

Ayo konco-konco mumpung isih enom
podo ngakehake apalan lan nadhom
gawe cekelan wektu mripat rabun
isih iso ngaji senajan gak katon

Akeh wong wedi yento salah niat
banjur ora sido maringi manfaat
ojo wedi lamun siro salah niat
salah niat ilang jalaran wis tabiat

Alam donyo kito katon soyo nlongso
amargo saiki akeh omah koco
mongko bareng-bareng kito sami njogo
nganggo BBM-e enggal kurangono

Ing ndalem syawir ono kautaman
tinimbang sinau suwine sewulan
sopo pengen cepet paham pelajaran
syawir iso dadi dalan ingkang aman

Ayo poro konco nggowo cito-cito
kanggo ngurip-ngurip semangat ning dodo
ditulis nuli dipasang ning tembok
supoyo ileng lan diperjuangno

Yento siro kabeh wis podho sugih
ojo lali konco tonggo lan batih
seneng shodaqoh lan ngamal sholeh
dakdungakne rejekimu luwih-luwih

Ayo sedulur sami njogo adat
supoyo sugeng lan ora kaembat
adat kudu dadi cekelane umat
supoyo negarane ora cacat

Akeh wong sinau kanggo dewe-dewe
tanpo mikerne kiwo-tengene
sing ngono bakal titik ngilmune
ngeroso cukup tanpo diamalne

Derajat iku akeh ukurane
saking katone nganti jeroane
ora salah diukur saking bandane
tapi iku ukuran kang asor dewe

Wong bodho mati sedurunge mati
wong limpat urip masio wis mati
mongko ojo lali siro nggowo tali
gawe nyencang ngilmu ning endi-endi

Ing jaman saiki maksiat biasa
pacaran biasa dugem yo biasa
mongko ojo gelem dadi wong biasa
sregep ngibadahe ben luar biasa

Ojo gampang siro seneng ngroso nduwe
kabeh titipane pengerane dewe
sopo wonge gampang seneng ngroso nduwe
bakale sengsoro lamun ditinggalne

Saben-saben siro ono rejekine
ojo wedi yento kurang rejekine
kabeh wis dijatah lan ditetepake
nganti siro kabeh turu ning kubure

Ayo bolo-bolo ngakeh-ngakeh boso
supoyo ngilmune akeh ingkang teko
sopo pengen dadi penguwoso donyo
ojo mung iso nganggo boso Jowo

Ing jaman saiki akeh werto-werto
wertone akeh soho cepet teko
sopo pengen diwedeni penguwoso
penguwoso wedi maring werto-werto

Saben-saben siswo podho dadi duto
dutane poro uwong-uwong deso
bakale ditagih ugo ditakokno
anggene sinau oleh asil opo

Akeh wong pengen enthuk ilmu laduni
wayahe bar sholat mocoho ayat kursi
soho ibu bapak kudu ditoati
opo maneh Pengeran lan Kanjeng Nabi

Sopo wonge pengen nduweni karomah
kudu ngibadahe kanti istiqomah
istiqomah panggon istiqomah wayah
nuli wilangane yo kudu panggah

Jare urip iku mung mampir ngombe
kudu dugunakne seapik-apike
cobo gawe kriyo semenit wektune
tapi manfaate seabad suwine

Islam iku rohmat kagem alam donyo
mongko ojo seneng nyelo wong liyo
yento ono konco kang lakune olo
Lakune dohono wonge cedhekono
(tobi)
Tag : ,

Teman Selamanya

By : IGD
Sebuah kenangan masa depan
dimana saat usia 25

Andai waktu itu diam
dan tak berjalan

Tapi setahun tlah berlalu
tanpa bisa kembali

Tak kan ada lagi jalan-jalan
dan sapaan
atmosfer kita sudah berbeda

Maka jika kau temukan sesuatu
yang ingin tuk dikisahkan
bercelotehlah sekarang

Tak kan ada hari lain
waktu selalu berjalan
tanpa bisa dilambatkan

Kenangan hanyalah permainan
bagai film tanpa kata

Inilah perjalanan kita
waktu kehidupan bersama
waktu kehidupan kita berubah

Kita tetap teman selamanya

Lalu saat kita telah bekerja
kita kenang masa kini

Akankah lelucon masih menertawakan?
Akankah pelajaran masih terangan-angan?
Masihkan ulangan jadi pesta contekan?

Aku masih dan masih berfikir
Ini bukanlah perpisahan
Ini waktunya untuk terbang

Tapi tiba-tiba
Kita menjadi pria dan wanita
Masihkah kini masa lalu mengikuti?
Atau luntur saat kutinggalkan kota ini?

Aku masih dan masih berfikir
Ini bukanlah perpisahan
Ini waktunya untuk terbang

Kita tetap teman selamanya
IGD, Senin 11 April 2011

tobi

dibacakan oleh: Mbak Rosyi
Tag : ,

- Copyright © - IGD - - Date A Live - Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan -